WAKTU JAMAN SEMANA
Inget waktu jaman semana
Ning arep umah akeh kunang mabur-mabur
Muter-muter ning godong gedang
Ngumpet-ngumpet ning alang-alang
Inget waktu jaman semana
Mangkat ning cerbon numpak beca
Luru klambi luru kaca
Balik-balik kebek gegawa
Inget waktu jaman semana
Ketemu wong ayu pesam-pesem
nyemped-nyemped ning wiwitan pelem
Ati kelayu pengene ngalem
Temenan nok...
Kulae kesemsem
Inget waktu jaman semana
Nembe ketemu ditinggal lunga
Pengen nangis isin ning tangga
Cinta ditolak aduh cilaka
Hahahaha

08.04
BANYU SEGARA PANTURA
, Posted in





0 Response to "WAKTU JAMAN SEMANA"
Posting Komentar